Cari Blog Ini

Kamis, 24 Maret 2011

contoh sesorah/pidato b.jawa

ATUR PAMBAGYAHARHJA SEPEKENAN
(SELAPANAN BAYI)

Katentreman, kawilujengan, kbagas-warasan saha kamulyan saking panjenengan-Ipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa  mugi kajiwa kasarira kulla lan panjenengan sadaya, waradin sagung dumadi.
Nuwun!
Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dening pepoyaning kautamen.
Para pangembaning pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Sumayana sanggyaning paa rawuh kakung  miwah putrid, ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin  ngengeti kula sedaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti  Ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukanken puja lan puji syukur dhumatheng panjenengan-Ipun ingkang sampun kepareng ngrentahaken sih lan rahmat-Ipun wah malih kawilujengan  saengga kula sedaya anjenengi ing ratri menika kanthi winantu ing suka basuki mintua ing salami-lami. Amin.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah  ngaturakken sewu agungin pangaksama ,mugi kepareng kula cumanthaka marak sowan angempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg wawan pangandikan, inggih awit awrat ngemban dawuhipun kadang kula sepuh kakangmas ,,,,,,,,,, , kula piniji minangka tetalanging atur, supados angaturaken menggah wigatosing gati pepanggihan prasaja ing ndalu menika.
Minangka purwakaning atur, ngambali atur sugeng rawuh, kairing agenging agenging panuwun ingkang tana upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh saperlu paring panjurung panguwon tirakat ing dalu menika, mratandhani bilah semanten angenging raos sih katresnan panjenengan dhummateng Kakangmas Wisnu sakulawarga. Ing saalajengipun mugi kasekecakna lenggah pinarak   ing wekdal menika kanthi mardika lan gumbiranign wardaya, saperlu nglajengaken panguwon  tirakat  sakeparengipun.
Wondene menggah wigatosing gati wonten kalodhangan pahargyan prasaja ing dalu menika, kepareng ngaturi uninga bilih rikala dinten Kemis Pon tangal … wanci tabuh ….. wonten ing RSKIA Wismarukti , kadang kula sepuh kakangmas ……….. pinaringan momongan mijl pawestri, ing ndalu kalennggahan menika kaleres  jangkep salapannan dintenipun. Ibu dalah ponang jabang bayi keparingan rahayu wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa. Wondene pun jabang bayi kapatedhan tetenger Christina Blessy, ingkang menika dhumateng para rawuh keparenga tambahingdonga pamuji, mugi-mugi kadang sepuh kula kakangmas Wisnu sabrayat tansah kaparingan sih lan rahmat-Ipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa saha pun jabang bayi ing akhir tembengipun dadosa lare ingkang utami utawi saleh, bekti dhateng Pangerenipun menapa dene bekti dhateng tiyang sepuh kekalih, miwah piguna dhateng masyarakat migunanipun dhateng nusa lan bangsa. Amin.
Minangka pungkasaning atur . mbokbilih wonten kuciwaning boja krami anggen kula nampi menggah rawuh panjenengan sedaya, inggih ingkang mranata palenggahan , caos pasugatan menapa dene para putra anggenipun atur leladi kirang mranani ing penggalih, mawantu-wantu kadang kula sepuh kakangmas ….  nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Mekaten ugi kula pribadi minangka tetalanging basa, mbokbilih wonten keladuking patrap lan pangucap, tuna dungkaping paramasastra ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih panjenengan sedaya among caos atur kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun ngapunten.
Sugeng dalu.